Sabtu, 14 Februari 2015

PIDATO BAHASA JAWA HARI ULANG TAHUN SEKOLAH


Sugeng enjang. Salam sejahtera kagem kita sedaya.

Ingkang kinurmatan bapak Kepala SMP 4 Magelang. Ingkang kinurmatan bapak ibu para rawuh saking Dinas Pendidikan Kota Magelang. Ingkang kula urmati bapak ibu guru sarta para karyawan SMP 4 Magelang. Sarta ingkang kula tresnani putra putriku siswa siswi SMP 4 Magelang.

Langkung rumiyin sumangga kita ndhereaken puji  sokur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah, inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan sami saged pinanggih ing papan mriki kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.

Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged ndamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng bapak kepala sekolah, para guru saha para siswa ingkang sampun paring upaya dados pengetan ambal warsa SMP 4 Magelang  punika saged kalaksanan

Bapak saha ibu sarta putra-putriku ingkang satuhu bagya mulya. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged ningkataken prestasi tuwin akhlakipun para siswa.

Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika. Menawi wonten kalepatan ingkang ndadosaken kirang remen ing ngarsanipun panjenengan, kula nyuwun pangapunten sedayanipun. Matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar